Pleret — Kelompok Sholawat Jawa saking Padukuhan Brajan, Kalurahan Wonokromo, Kapanewon Pleret, nindakaken pagelaran seni ing dinten Sabtu, 23 Agustus 2025. Pagelaran punika dipunwujudaken kanthi fasilitas saking Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul.
Adicara punika kalebet salah satunggaling wujud pangayoman saha pangembangan seni budaya Islam ingkang dipunrengkuh kaliyan masyarakat. Pagelaran Sholawat Jawa saged nglantaraken syiar agama kanthi wujud seni, saha maringi papan kanggé para seniman lokal supados saged nglestantunaken kabudayan.
Miturut katerangan saking Dinas Kebudayaan Bantul, adicara punika kaparingi dhukungan saking Dana Keistimewaan (Danais) taun anggaran 2025. Kanthi panggunaan dana keistimewaan punika, dipunajab saged ndadosaken motivasi tumrap kelompok seni sholawat saha nglestarèkaken kabudayan Islami ing Bantul.
Pagelaran ing Brajan, Wonokromo, punika dipunrawuhi masyarakat kanthi antusias, awit sajroning acara kasebut ugi dipunsawang dados sarana silaturahmi lan ngukuhaken kerukunan warga.