Temuwuh, 7 Agustus 2025 — Pagelaran seni tradisional Jathilan Sailendra Budoyo ingkang dipun gelar ing Lapangan Sailendra, Dusun Ngunut, Kalurahan Temuwuh, Kapanewon Dlingo, Kabupaten Bantul, Rebo, 6 Agustus 2025 wiwit tabuh 15.00 WIB ngantos ndalu,
Jathilan dados panglipur ingkang dadosaken suasana lan nyengkuyung kabudayan jawi supados tansah lestari. Pagelaran punika narik kawigaten para pamirsa, boten namung saking warga sakpapan, nanging ugi saking tlatah sanès ingkang remen kaliyan kabudayan tradisional.
Adicara punika ndadosaken berkah tumrap para pelaku UMKM ingkang ngladosi dhaharan, unjukan, lan sanesipun. Saklajengipun, pagelaran jathilan punika ugi dados wadah panguripan ekonomi lokal lumantar pagelaran budaya.
Acara punika dipunfasilitasi dening Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul lumantar Dana Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta Tahun Anggaran 2025. Fasilitasi punika minangka wujud pangayoman lan kawigatosan pamaréntah dhumateng pelestarian kabudayan lokal ingkang nedahaken jati dhiri bangsa.
Panitia lan warga masyarakat matur nuwun dhumateng sedaya ingkang sampun nyengkuyung, mugi kabudayan jathilan tansah lestari lan dados warisan budaya kang sae tumrap para mudha ing tembe.