Banguntapan – Gelar seni budaya Festival Rintisan Desa Budaya Kabupatèn Bantul taun 2025 lumampah kanthi meriah ing dina kapindho, Setu 23 Agustus 2025. Pagelaran dipun kawontenaken ing lapangan Kalurahan Wirokerten, Kapanewon Banguntapan, Bantul.
Ing dina kapindho punika, panggung festival kebak pagelaran seni tradisional kados jathilan, reyog, tari, lan ketoprak. Saben pagelaran kasil narik kawigatosan para rawuh, awit nyawiji antawisipun seni pertunjukan lan greget anggenipun nguri-uri kabudayan.
Masyarakat Kalurahan Wirokerten sak kiwo tengenipun padha rawuh kanthi ngrembaka suasana gayeng lan guyub. Festival menika mboten namung dados tontonan nanging ugi pepeling tumrap generasi enèm supados tansah ngajèni lan nglestarekaké seni budaya tradisional.
Pagelaran menika nglantaraké pratanda bilih festival rintisan desa budaya mboten namung pagelaran seni lan budaya, nanging ugi dados papan panggènan nglestarèkaké warisan budaya ing Kabupaten Bantul minangka Bumi Projotamansari.